Home » » FENOMENA BUDAYA UPACARA TINGKEBAN

FENOMENA BUDAYA UPACARA TINGKEBAN

ESPEROMAG | December 01, 2022 | 0 comments

 Oleh : Mey Nurhajati, S.Pd.


Upacara adat minangka salah satunggaling aset budaya bangsa ingkang kedah dipunlestantunaken awit wonten ing salebeting upacara adat menika ngemot pitutur ingkang adi luhung. Saben tataran ing upacara adat ngemot piwulang ingkang ancasipun paring pitedah dhumateng para manungsa supados tansah  hamemayu hayuning sesama ugi aja mbedak-mbedakake marang sapadha-padha, lan tansah manungku mring ngarsaning Gusti Allah, SWT. Mligi kangge bebrayan Jawi, upacara adat kathah sanget pigunanipun kangge pagesangan. Sinaosa samangke sampun winasthan jaman modern utawi era millennium, ananging upacara adat kangge bebrayan Jawi taksih panggah kawontenaken. Ing salebeting kabudayaan Jawi, Saben siklus pagesangan manungsa kawiwitan nalika taksih wonten salebetipun guwa garba(kandungan) ngantos dumugi puput yuswa (mati) mesthi wonten upacaranipun. Menika winasthan 3M: Metu, Mantu, Mati.  Salah satunggaling upacara adat ingkang kaadani nalika taksih wonten kandhutan inggih menika Upacara Tingkeban/ Mitoni.

Tingkeban inggih menika tata cara lan tata upacara kang kaleksanan nalika kandhutan calon ibu ngancik umur pitung wulan (7 bulan). Tingkeban ugi winasthan  mitoni, menika saking tembung  pitu ingkang tegesipun tujuh. Upacara tingkeban namung kalampahan dening wanita ingkang mbobot sepisanan(mbobot putra pambajeng). Saengga kangge mbobot putra salajengipun(anak kedua dan seterusnya) boten prelu kawontenaken upacara tingkeban. Padatanipun tingkeban dipunwontenaken saben dinten Rebo utawi Setu tanggal ganjil Jawi, saderengipun wulan ndadari (purnama). Langkung prayogi tanggal pitu (7). Wekdalipun siyang ngantos sonten watawis tabuh 11.00-16.00 WIB.

Piranti ingkang dipunginakaken ing upacara Tingkeban, antawisipun:

1. Pengaron

Pengaron utawi tempayan kangge wadhah toya perwita sari. Perwita tegesipun suci, sari tegesipun sekar. Pengaron ingkang pun isi toya suci lajeng dipuncampur kaliyan sekar, supados gandanipun arum. Pralambangipun saben tiyang (menapa malih menawi mbobot) kedah suci lair batos. 

2. Toya Suci Perwita Sari

Toya suci saking pitung tuk (sumber mata air), lan pitung keblat (arah mata angin). Toya menika kagem siram calon ibu. Kanthi ancas supados dhateng pundi kemawon si calon ibu kekesahan tansah pinaringan keslametan. Angka pitu (tujuh) ngemot pralambang supados calon ibu tansah pinaringan pitulungan saking Gusti Allah, SWT ugi pitulungan saking tiyang sanes.

3. Sekar Setaman utawi Sritaman

Ingkang winasthan sekar setaman kangge upacara tingkeban antawisipun sekar mawar, melati, kantil, lan kenanga. Ancasipun supados si jabang bayi ing tembe saged ndamel aruming asma tiyang sepuh.

4. Nyamping 7 

Nyamping/jarik ingkang cacahipun pitu (7), kanthi pangajab: 

  1. Nyamping motif Truntum : saged marisi watak wantunipun tiyang sepuh. 
  2. Nyamping motif Sido Mukti : lare tansah bekti dhateng tiyang sepuh. 
  3. Nyamping motif Sido Mulyo: lare saged ginanjar kawilujengan saha makmur gesangipun
  4. Nyamping motif Sido Asih: lare gadhah pribadi ingkang kebak raos asih mring sesami. 
  5. Nyamping motif Sido Drajat lare kagungan kewasisan lan pangkat drajat ingkang inggil. 
  6. Nyamping motif Satriyo Wibowo: lare saged dados satriya ingkang wicaksana ing bebrayan agung. 
  7. Nyamping motif Lurik Tumbar Pecah: si jabang bayi saged lair kanthi lancar, slamet, ugi saged ngguyupi ing bebrayan agung. 

5. Kemben cacahipun pitu (7), ingkang wernanipun : 

  1. Kemben abang putih(gula klapa) 
  2. Kemben kuning ijo (pare anom) 
  3. Kemben abang kuning (podhang sinusup sari) 
  4. Kemben putih biru tuwa (bangun tulak) 
  5. Kemben pink ungu (kencana ungu) 
  6. Kemben putih ijo (pandhan binethot) 
  7. Kemben lurik (lurik liwatan)

6. Dhingklik

Dhingklik menika kursi alit kangge lenggah calon ibu. Ing sanginggilipun dhingklik dipunparingi ron kaluwih, suket alang-alang, lan ron kappa-kapa(apa-apa). Ron-ronan kasebat dipunwungkus klasa bangka, lan sanginggilipun dipuntutup kaliyan mori bangun tulak, sembagi utawi lurik.

7. Ron Kaluwih, Ron Alang-alang lan Ron Kapa-kapa

Ron-ronan menika dipunwungkus dados satunggal. Ancasipun mugi-mugi calon ibu saha jabang bayi tansah pinayungan sing nugrahaning Gusti Allah, SWT ngantos dumugi titi wancinipun babaran boten wontan alangan satunggal menapa lan mbenjingipun pinaringan rizki ingkang kaluwih-luwih.

8. Klasa Bangka

Klasa bangka menika klasa saking ron pandhan. Menika ngemot pralambang bilih pagesangan manungsa menika ewah gingsir. 

9. Janur Kuning

Janur kuning dipunginakaken kangge adicara luwaran. Ancasipun inggih menika sedaya rubeda bakal musna saengga ingkang badhe pinanggih namung kaslametan. Janur kuning minangka pralambang kemenangan, inggih menika kemenangan ibu ingkang sampun mbobot lan nglairaken ingkang putra kanthi rahayu widada.

10. Keris Pusaka Kyai Brojol lan Kunir

Dipunjenengi keris Kyai Brojol awit ngemu kapitadosan jabang bayi saged lair kanthi lancar/brojol. Dipunginakaken kangge nigas janur dening calon bapak. Ing pucuking keris dipunparingi kunir minangka lambang tolak balak.

11. Tigan Ayam Kampung

Tigan mralambangaken wekdal babaran. Kuning minangka pralambang rah (darah). Pethak minangka pralambang toya kawah.

12. Cengkir Gading

Cengkir gading inggih menika klapa ingkang werninipun jene/kuning. Ing adicara tingkeban/mitoni betah 3 cengkir gading. Satunggal cengkir kagem  upacara sigaran, kalih cengkir kagem upacara wiyosan lan pondhongan. Ing wiyosan lan pondhongan cengkir gading dipungambari Dewa Kamajaya lan Kamaratih, utawi Rama lan Shinta, ugi saged gambar Arjuna/Janak lan Sumbadra.

13. Klenthing

Klenthing dipunisi toya lajeng dipun selehaken ing satengahing pakawisan. Klenthing mralambangaken guwa garba, toya minangkan kawah. Klenthing dipunginakaken ing adiacara simparan lan luwaran. Calon bapak mlajeng(lari) lajeng nendhang klenthing ngantos pecah. Pecahipun klenthing minangka lambang pecahipun kawah.

14. Ayam sarta kurunganipun

Sasampunipun nendhang klenthing calon bapak enggal-enggal nendhang ayam sarta kurunganipun. Uculipun ayam minangka pralambang bilih lairan saged pinaringan lancar. 

15. Siwur (gayung)

Siwur utawi gayung saking klapa sa-bathokipun ugi taksih wonten daging klapanipun, dipunbolongi ngandhapipun kangge adicara siraman.

16. Rujak lan Dhawet

Rujak minangka dhaharan kareman  ibu-ibu ingkang saweg nggarbini. Rujakipun dipun cacah winasthan rujak crobo, tegesipun jabang bayi sampun ngantos crobo (dekil utawi kesed).

Dhawet mralambangaken kawilujengan, ing pangajab mugi-mugi calon ibu bapak tansah pinaringan kawilujengan saha kabagaswarasan.  

Piranti ingkang dipunginakaken ing upacara Tingkeban, antawisipun:

1. Tumpeng Kuwat

 Tumpeng dipuntata ing tampah/tambir utawi nampan bunder. Enem tumpeng ukuranipun alit ngubengi tumpeng ageng setunggal. Pralambangipun supados calon ibu pinaringan kekiyatan anggenipun babaran.

2. Tumpeng Robyong lan Tumpeng Gandul

Tumpeng Robyong inggih menika tumpeng ingkang diparingi ron pisang ingkang dipunsuwir-suwir saengga katingal robyong-robyong. Tumpeng Gundhul  inggih menika tumpeng ingkang boten diparingi menapa-menapa saengga katingal gundhul. Tumpeng kekalih menika mralambangaken bilih manungsa menika kedah tansah  taqwa mring ngarsanipun Allah, SWT.

3. Sekul Punar

Sekul punar inggih menika sekul ingkang werninipun jene/kuning, gurih. Punar tegesipun sumunar. Kanthi pangajab mugi-mugi kanthi lairipun ponang jabang bayi menika saged ndamel merupakan sumunare kulawarga agung ugi tansah ndamel renaming penggalih.

4. Tumpeng Damar

Tumpeng dammar dipundamel saking pathi kanji pucuking tumpeng dipunsumba abrit minangka pralambang latuning pagesangan(api kehidupan). Cacahipun 7 (tujuh), kanthi pangajab supados pagesangan kulawarga tansah pinaringan cahya(petunjuk) kangge nggayuh kamukten. 

5. Endhog Penyon

Dipundamel saking tigan ayam kampung ingkang diwernani abrit. Kanthi pangajab supados kulawarga nggadhahi sikap kendel, teguh, santosa, mandhiri, kados endhog penyu. 

6. Jajan Pasar, pisang raja, palawija, pala kapendhem(keleman)

Jenang Procot, clorot, Pasung, Abon Angrem, Apem, Cenil dan Klepon, Srinthil Thiwul, tela, gembili, kenthang, lsp.

7. Maneka warni bubur

Antawisipun: bubur Abang, bubur putih, bubur abang putih, bubur palang putih, bubur palang merah, bubur baro-baro merah, bubur baro-baro putih, bubur sungsum dan bubur sungsum, bubur lare

8. Pring Sedhapur

Pring sedhapur ingging menika pring alit (pang pring) cacahipun pitu dipuntaleni dados satunggal. Kanthi ancas mugi-mugi calon ibu bapak lan calon jabang bayi widada kalis saking sambekala (selamat tidak ada halangan apapun).

9. Kupat Plethek

Kupat dipunsigar dados kalih lajeng nglebete kupat dipunparingi abon. 

Tata cara upacara adat tingkeban/mitoni:

1. Sungkeman 

Saderengipun siraman calon ibu atur sungkem pangabekti konjuk tiyang sepuh kekalih, para sesepuh pinisepuh, dalah garwa ing pangajab mugi-mugi kanthi pangestunipun para sepuh ing mangke menawi nglairaken/babaran pinaringan lancar tinebihaken saking sambekala.

2. Siraman

Siraman minangka tandha utawi simbol ngresiki badan, ngresiki dhiri calon ibu, marang dosa-dosa ingkang sampun dipunlampahi saengga mangke menawi nglairaken/babaran pinaringan lancar tinebihaken saking sambekala.

3. Sesuci

Sesuci/wudhu dipunleksanaken kados wudhu biasa, ingkang mbentenaken toya kangge wudhu dipunpancuraken saking kendhi pratala. Sesuci menika kapandhegan dening sesepuh kulawarga utawi dhukun bayi. Sasampunipun sesuci, kendhi dipunpecah. Menika kasebat pecah pamor. 

4. Brojolan

Brojolan inggih menika nglebetake cengkir gadhing ingkang sampun dipungambari Kamajaya-Dewi Ratih utawi Arjuna-Sembadra, ing sajroning nyamping calon ibu, saking nginggil mangandhap. Lambangipun mangke menawi babaran/nglairaken diparingi gampil, menawi mijil kakung pasuryanipun bagus lan ayu menawi mijil wanita. Purnane brojolan kalajengaken adicara Sigaran. Sigaran tegesipun nyigar cengkir gadhing ingkang satunggal. 

5. Nyampingan/gantos busana kaping 7

Nyampingan/gantos busana kaping 7 kanthi kain/jarik ingkang benten-benten. Motif kain kados ingkang sampun kaaturaken ing nginggil. 

6. Luwaran dan simparan

Luwaran inggih menika nigas janur kuning ingkang dipunblebetaken ing padharanipun calon ibu, ngangge keris Kyai Brojol. Sasampunipun nigas janur kuning calon bapak lajeng mlajeng kanthi rikat(lari secepat-cepatnya), Ancasipun supados jabang bayi lairipun cepet. Dumugi ing pakawisan calon bapaki enggal  nendhang klenthing ngantos pecah lan nendhang kurungan ayam ngantos ayamipun ucul, prosesi menika kawastanan simparan.

7. Wiyosan, kudangan, bubukan

Wiyosan menika nglebetaken cengkir gadhing ing salebeting nyamping calon ibu. Ingkang nglebetaken calon eyang kakung, ingkang nampi calon eyang putri. Sasampunipun wiyosan kalajengaken kudangan, eyang putri kekalih ngudang calon wayahipun. Paripurnaning kudangan kalajengaken bubukan. Calon eyang nilemaken pun wayah ing papan panggenan ingkang sampun samekta.

8. Kembulan lan Unjukan

Calon bapak lan calon ibu lenggah jajar kangge kembulan(makan bersama). Menika pralambangipun bilih gesang menika menawi tansah nyawiji/sesarengan dados ayem tentrem, menapa malih kanthi wontenipun putra nambah bagya mulya.

9.Rencakan, rencakan inggih menika rebatan pirantos ingkang dipunginakaken ing upacara tingkeban.

10. Dodol dhawet lan rujak ngangge arta saking kreweng.

Upacara tingkeban/mitoni kapungkasan kanthi dedonga sesarengan ingkang dipunpandhegani sesepuh kulawarga. Pungkasanipun para tramu katuran ngedhapi dhedhaharan ingkang sampun kasamektakaken dening ingkang hamangkugati (tuan rumah). Menika minangka raos syukur dening ingkang hamangkugati dalah kulawarga agung awit para tamu sampun kersa rawuh lan paring pandonga tumrap calon ibu bapak lan si ponang jabang bayi.

Mekaten ingkang saged kaaturaken, mugi migunani tumrap para siswa lan bebrayan agung. Saged kangge nambahi seserepan babagan kabudayan Jawi. Sugeng pianggih malih ing fenomena budaya Jawi sanesipun.


Share this article :

0 comments:

Post a Comment

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. DIGITAL MAGAZINE OF ESPERO DEMAK - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Blogger